Criyosipun makaten, dados kala wingi sonten kula kepanggih kaliyan rencang-rencang dhek jaman kuliyah rumiyin wonten Akuntansi UGM. Sampun dipun wartaaken sakderengipun bilih panggenan kagem makempal menika dipun sepakati wonten ing warung Raminten. Raminten punika salah satunggaling papan kagem makempal ugi dhahar sakcekapipun. Kathah menu wonten ing mrika kanthi regi ingkang terjangkau.
Antawis jam 5 sonten kula dumugi mrika. Rencang-rencang ugi sampun kathah ingkang dumugi sakderengipun kula. Nah, gandheng meh sedaya sampun pesen, kula ugi ndherek mesen dhaharan saha unjukan ingkang sampun dipun cetak wonten ing daftar menu. Sak sampunipun kula milih menu, lajeng kula nyebataken setunggal mboko setunggal. Total wonten tiga warni ingkang kula pesen. Mboten nggateaken menapa ingkang kula pesen sampun dipun tulis punapa dereng dening mbak-mbak ingkang nglayani. Namung pitados kemawon bilih pesenan kula mesthinipun nggih sampun dipun cathet.
Sakbibaripun mbak-mbak pelanipun mungkur, kula nglajengaken anggenipun wicantenan kaliyan rencang-rencang kuliyah kula rumiyin. Pancene dangu mboten kepanggih. Sanajan rencang-rencang ingkang rawuh menika mapanipun ugi wonten Ngayogyakarta. Wonten ingkang dados auditor internal, wonten ingkang dados PNS, wonten ingkang dados pengusaha, wonten ingkang dados praktisi keuangan rumah sakit, wonten ingkang dados trainer lan sakpanunggalipun. Inggih estu panci kedhah dipun syukuri. Taksih saged makempal nglajengaken silaturrahim.
Sampun meh 30 menit sakbibaripun pesen menu. Lha niki kok menune dereng dumugi wonten ing panggenan anggenipun kita makempal sesarengan. Ngantos wonten kalih rencang ingkang nyuwun ijin pamit amargi gadhah lare alit wonten ing griyanipun. Dipun tenggo 15 menit, nembe medal setunggal. Lan wusananipun? Hehehe... mboten siyos dhahar menopo-menopo. Awit ngantos bibar, menunipun dereng dumugi meja. Mbak-mbak pelayan ingkang dipun konfirmasi ngendikanipun mboten wonten pesanan kados ingkang kula pesen wonten ing seratanipun.
Weleh.... kok nggih saged makaten. Namung nggih pripun malih. Sadaya sampun kalampahan. Ingkang baken, silaturrahim sampun kaleksanan kanthi sae. Pancinipun mboten sedaya ingkang kita pingini wonten ing dunya menika saged kaleksanan kados ingkang sampun kita rencananaaken. Ingkang kedhah dipun sadari inggih menika sedaya menika sampun wonten ingkang ngatur. Kita sedaya namung manungso, hambanipun Gusti Allah ta'ala. Kita kedhah pitados bilih sedaya sampun tinulis dening Gusti Allah lan menapa kemawon ingkang sampun kaleksanan, insya Allah ngemu manfaat dumateng kita sedaya. Kuncinipun mapan wonten ing manahipun piyambak-piyambak. Supados saged syukur ugi sabar.
Kejawi menika, kita sedaya ugi kedhah langkung mawas diri. Mbok menawi wonten ing salah satunggaling wekdal, kita nate nindaaken aktivitas ingkang kadosipun nelasaken kathah wekdal, namung mboten wonten manfaatipun, kosong melompong. Monggo sami koreksi diri wonten awakipun piyambak-piyambak. Supados urip kita wonten ing dunya menika saged langkung manfaat tumraping liyan. Urip iku urup. Sak sae-saenipun tiyang menika ingkang saged migunani langkung kathah. Kagem awakipun piyambak, langkung-langkung kagem sedherek-sedherek ugi lingkunganipun.
"Urip kui lakono kanthi temen, ojo nggresulo, nek wis usaha yo dipasrahna" makaten ngendikanipun salah satunggaling guru ingkang sampun kasohor wicaksananipun. Mugi sedaya ingkang tinulis wonten ing mriki saged bermanfaat. nuwun.
*Salaman*